Minggu, 22 Desember 2013

Profil Tokoh



Bintang ing Basa lan Budaya Jawa. 
 
Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah ingkang aktif wonten ing UKM Kamasetra lan nate menjabat dados Koordinator Pedalangan. Piyambakipun inggih menika Hardian Bintang Ardana mahasiswa UNY ingkang asalipun saking Bleder Sidoharjo Samigaluh Kulon Proggo. Wonten ing kagiatan perkuliahanipun piyambakipun ugi aktif wonten ing UKM Kamasetra.
Priyantun kelahiran Kulon Progo 28 Oktober 1993 menika nate dalang wonten satunggaling adicara eksplorai pedalangan wonten ing UNY. Piyambakipun ngaku saweg nembe kemawon sinau bab pedalangan. Piyambakipun remen kalian seni pedalangan amargi cariyos-cariyosipun ingkang sae lan wujud pertunjukanipun ingkang megah. Dados dalang menika mesthi kenal lan mangertosi tokoh-tokoh saha sifatipun wayang satunggal kaliyan wayang sanesipun, piyambakipun remen kaiyan tokoh wayang Werkudara, “ Amarga Werkudara iku duweni sifat sing gagah, prakasa lan tanpa pamrih.” Mekaten alasanipun priyantun ingkang asring dipuntimbali Bintang. Mahasiswa PBD menika ugi kepingin saestu saged lan dados dalang, mboten namung wonten lingkup kampus kemawon.

Dados mahasiswa PBD piyambakipun bangga kaliyan budaya-budaya Jawa saha ngagem bahasa Jawa. Piyambakipun misuwuraken bahasa lan budaya Jawa, “Aku sok mirise nek ndeloke cah Basa Jawa ning le omongan nganggo bahasa Indonesia, ngelus dada sokan” mekaten menika penjelasanpun Mas Bintang. Piyambakipun mlebet wonten PBD UNY menika kepengin nglestarekaken bahasa sastra lan budaya Jawa saha nepangaken Basa Jawa kalian tiyang ingkang mboten mangertos Basa Jawa. Wonten kabar bilih Basa Daerah badhe dipunicali saking kurikulum 2013 menika piyambakipun kecewa saha menyayangkan amargi Basa Jawa menika basa ibunipun tiyang Jawa, “ Opo wong Jawa rela nek basane ibune dewe malah dikuasani karo wong asing, malah awake dewe ora bisa basa Jawa.” Mekaten alasanipun Bintang.
Saking pengalaman saha karemenannipun Hardian Bintang Ardana menika kita saged nyonto piyambakipun anggenipun tetep remen saha nglestarekaken basa lan budaya Jawa. Tetep bangga kaliyan budayanipun piyambak.
                                                                                                         

Tidak ada komentar:

Posting Komentar