Kawontenan Gerdacilin
Wonten ing Dusun Ngamboh
Dusun
Ngamboh Margorejo Tempel inggih menika satunggaling dusun ingkang kalebet Dusun
Lestari. Dusun Ngamboh inggih menika Dusun ingkang miwiti wontenipun Dusun
lestari. November 2006 Dusun Ngamboh dipunresmikaken dados Dusun Lestari dening
panjenenganipun Sri Sultan Hamengkubuana kaping 10. Dusun Ngamboh inggih menika
satunggaling dusun ingkang miturut letak geografisipun inggih menika ler dusun inggih
menika Dusun Ndangsaren Kecamatan Turi, kidul dusun inggih menika dusun Tepus
ingkang sejatosipun taksih setunggal dusun kaliyan dusun Ngamboh, lajeng wonten
sisih kilenipun inggih menika dusun Kadirojo Kecamatan Tempel, lan sisih
wetanipun inggih menika dusun Jurugan ingkang sampun mlebet Kecamatan Turi.
Wonten ing dusun menika ugi kathah-kathahipun para warga gadhah wit salak.
Kathah ingkang sami tumbas salak ing Dusun menika.
Wonten
ing dusun Ngamboh wonten satunggaling kegiatan ingkang namanipun Gerdacilin, Gerdacilin
inggih menika singkatan saking Gerakan Pemuda Cinta Lingkungan. Gerdacilin
menika dipunbentuk amargi minangka bentuk kepedulian saking pemuda Dusun
Ngamboh amargi wontenipun Desa Lestari. Gerdacilin dipunbentuk saking tanggal 1
Januari 20110. Ingkang mandegani wontenipun Gerdacilin inggih menika Lendy
Widyanugraha lulusan Universitas Gajah Mada ingkang peduli kaliyan wontenipun
Desa Lestari Ngamboh.
Mila
bukanipun Gerdacilin inggih menika dipunwiwiti kanthi konflik intern pengurus
Desa Lestari Ngamboh ingkang mboten wonten perkembanganipun babagan Desa
Lestari menika. Lajeng kalasemanten mas Lendy kaliyan para pengurus inggih
menika Bapak Yulian Sunarto lan Bapak Ahmad Jalaludin ngawontenaken sarasehan
ingkang kasilipun inggih menika Gerdacilin. Mulanipun Gerdacilin menika kegiatanipun
ngawontenaken bisnis kangge pondasi supados saged mlampah kanthi sae. Bisnis
pondasi menika inggih menika nyade bibit tanaman buah, pengelolaan sampah RT
lan penggemukan ayam Jawa pedaging. Lajeng tahun 2011 Gerdacilin angsal dana
4yuta saking proposal ingkang dipunajukaken dening pemerintah, lajeng dana
menika kagem bisnis ayam petelur ingkang ngasilaken asset penghasilan 40
yutanan. Saksanesipun bisnis-bisnis saking peternakan lan pertanian Gerdacilin
ugi ngawontenaken bisnis wonten ing bidang ekowisata lan ing pertengahan tahun
2010 Gerdacilin kongsi kaliyan Kanopi Indonesia. Ekowisata wonten ing Dusun
Ngamboh menika lakung nonjolaken wonten ing bidang education. Tuladhanipun inggih menika saged sinau wonten kelompok
peternakan ingkang wonten ing ler dusun,sinau babagan salak ingkang taksih
dipunkembangaken kaliyan warga Dusun Ngamboh kiyambak, ayam petelur ingkang
sampun ngrembaka, lan tanaman-tanaman holtikultura. Bisnis ekowisata menika
sampun mlampah tigang tahun saking tahun 2010, sampun wonten ugi ingkang
tertarik kaliyan ekowisata ingkang dipunwontenaken kaliyan Gerdacilin.
Bulan
Juni kala wingi Gerdacilin nampi tamu saking TPA Piyungan ingkang cacahipun 60
tiyang kaliyan gurunipun. Lajeng tanggal 23, 24, 30, 1,3 September nampi tamu
saking TK Bambini Ngayogyakarta. Wonten ing mriki lare-lare TK saking Bambini
menika dipunjak wonten ing kebunipun Bapak Heru ingkang wonten maneka warni
wit-witan buah, saking jambu, pelem, klengkeng, sawo, salak lan
sakpanunggalanipun. Sak sanesipun ugi wonten jenis-jenis peksi ingkang
warni-warni lan endah dipuntingali. Wonten ing kebun menika lare-lare ugi saged
ngraosaken buah-buah ingkang witipun wonten ing mriku. Saklajengipun wonten ing
kebunipun Pak Heru lare-lare dipunjak wonten ing ler dusun, lan wonten ing
margi tumuju ler dusun lare-lare ugi wonten tanaman-tanaman buah ingkang saged
dipunjelasaken. Saksampunipun wonten ing ler dusun para tamu saged nyukani maem
dhateng lembu kaliyan mendho ingkang wonten ing peternakan ler dusun,
saklajengipun lare-lare saged metik tomat ceri ingkang wonten ing sak leripun. Saklajengipun
lare-lare TK menika ngaso wonten ing ngandap wit sengon lajeng sami nedha
sangunipun piyambak-piyambak.
Lare-lare TK Bambini ingkang saweg methik
tomat cheri
Ingkang
wonten ing nglebet Gerdacilin utawi ingkang ngurus Gerdacilin kejawi Mas Lendy,
Karang Taruna Ngamboh ugi dipunlibataken. Kadosta wonten ing kandang ayam
ingkang ngasilaken ayam para pemuda biasanipun nderek mendeti tigan. Wonten ing
kegiatan Gerdacilin nampi tamu saking njawi ugi pemuda nderek jelasaken lan
mandu para wisatawan. Ananging Mas Lendy mboten mendhet sedaya pemuda ingkang
dipunpendet kaiyan Mas Lendy ananging namung tiyang-tiyang ingkang sevisi
kaliyan tujuan Gerdacilin menika kiyambak. Gerdacilin wonten amargi
satunggaling bentuk kepeduliyan pemuda kaliyan lingkungan wonten ing Dusun
Ngamboh. Tujuanipun dipunadani Gaedacilin kangge nyejah teraaken warga ingkang
wonten ing Dusun Ngamboh sami kaliyan tujuan Desa Lestari ingkang
dipungambaraken wonten ing tigang pilar ingkang menjiwai mlampahipun pedesaan
kangge mujudaken Desa Lestari. Pilar ingkang kaping pisan inggih menika
ngibadah, mlampahaken ajaran agama kanthi sae, bina kerukukan antar agama lan
mbangun kebersamaan. Tujuanipun pilar ingkang kaping pusan inggih menika
supados saged ngamalaken ajaran agama wonten ing gesang padintenan harmonisasi
sesami manungsa lan menghargai setunggal lan sanesipun lan cinta lingkungan.
Pilar ingkang kaping kalih inggih menika gotong royong, berswadaya, lan sami
biyantu setunggal lan sanesipun. Tujuan pilar kaping kalih inggih menika
supados saged gadhah lingkungan ingkang resik, gadhah lepen ingkang resik ugi,
gadhang wit-witan ingkang ijo royo-royo kangge nyegah erosi, nahan banyu lan
naman katentreman dusun. Lajeng pilar kaping tiga inggih menika kemandirian.
Tujuan pilar kaping tiga inggih menika mberdayakaken potensi ekonomi desa,
peningkatan kualitas SDM mawi pelatihan, penyuhan lan sakpanunggalanipun.
Tigang pilar kasebat dipunkajengaken saged ndadosaken para warga ingkang
bertagwa, gesang kanthi sehat lan resik, lingkungan resik lan lestari lan
gadhah penghasilan lan gesang ingkang cekap. Dipunkajengaken ugi mawi wontenipun
desa lestari lan Gerdacilin menika warga saged sejahtera lahir batin. Miturut
Mas Lendy minangka pembentuk Gerdacilin piyambakipun gadhah kekarepan Gerdacilin menika supados saged nyukani
manfaat lan nyukani ruang lingkup usaha kagem para warga lan nyukani manfaat
minangka ketenaga kerjaan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar