Opini Singkat
"Ibuk Cantik"
Ana ing
sawijining dina, aku blanja ana ing sawijining warung kang papane rada adoh
saka omahku. Wektu aku arep bayar, ana ing kana ana uwong nganggo sarung klambi
koko, karo peci. Ngomong karo sing due warung sinambi ngacungi salah sawijining
panganan “Yang ini berapa?”. Lagakke ora kaya wong biasane, rada nyleneh. Bubar
tuku salahsawijining panganan uwong mau ndelengke aku, le ndelengke ora kaya
biasane sambi guyu trus sirahe diiringke. Sinambi ndelengake uwong mau ngomong
“ibuk cantik….jalan-jalan sama aku yok”. Batinku “waduuuuh jebul wong edan arep
ngajak aku jalan-jalan”. Ana ing warung kui aku wis wedi banget, aku mik
dingkluk meneng wae. Untung wae ana mbak-mbak sik nyambut gawa ana warung kui
ngekon lunga wong edane mau. Wong edane banjur metu seko warung sinambi
ndelengake lan ngomong maneh “dada ibuk cantik”. Aku ngampet guyu, antarane
wedi karo lucu.
Ora ming pisan iki aku diaruh-aruhi karo wong edan. Wektu iku
aku lagi ana ing bangjo pangukan Sleman tumuju kampus. Wektu mandek ana ing
pinggir dalan ana wong edan ndelokke karo guyu-guyu. Ora mung ana bangjo
Pangukan ana ing bangjo Monjali uga ana ananging beda uwong. Sing ana ing
bangjo Monjali iku ora mung guyu nanging guyu karo dada. Aku dhewe ya ora
ngerti ngapa kok wong-wong edane do seneng aruh-aruh karo aku, apa aku dikira
kancane. Pesenku kanga para pamaos “aja seneng ndelokake wong edan, amarga wong
edan kui seneng nek didelokake”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar