Minggu, 22 Desember 2013

Artikel



Tradisi Lisan ingkang Sampun Mboten Dipungagas

Lare-lare jaman sakmenika kathah ingkang boten mangertos babagan tradisi-tradisi lisan ingkang wonten ing Jawa khususipun Ngayogyakarta. Para muda jaman sakmenika langkung mangertos lan langkung remen kesenian ingkang modern lan lajeng lingsem kaliyan tradisinipun piyambak. Prekawis kados menika pancen sampun biasa dipuntingali wonten ing pundikemawon. Ananging langkung saenipun bilih para muda jaman samenika ugi mangertosi tradisi-tradisi ingkang dipungadhahi dening piyambakipun. Tradisi lisan menika tuladhanipun inggih menika tembang macapat.
Tembang macapat inggih menika tembang ingkang ngginakaken basa Jawa ingkang anggadhahi aturan-aturan tartamtu ingkang kaiket dening tigang aturan inggih menika guru gatra, guru lagu lan guru wilanganipun. Tembang macapat menika kadadosan saking 11 tembang antawisipun inggih menika Dhandhanggula, Sinom, Asmaradana, Durma, Pangkur, Kinanthi, Mijil, Gambuh, Megatruh, Maskumambang lan Pocung. Wonten ing saben tembang anggadhahi makna tartamtu, lan ugi ngewrat ajaran-ajaran ingkang anggadhahi paedah-paedah kangge nglampahi gesang. Tembang-tembang ingkang wujudipun macapat menika saged dipuntemokaken kathah-kathahipun wonten ing serat-serat jaman rumiyin ingkang angginakaken aksara Jawa. Nama tembang macapat menika ngumpamakaken pagesangan manungsa wiwit miyos ngantos seda. Tembang macapat menika boten namung anggadhahi unsur-unsur kaendahan ananging kathah ingkang saged dipunpendhet paedahipun saking tembang-tembang macapat ingkang dipundamel kaliyan pujangga-pujangga jaman rumiyen ugi ingkang dipundamel kaliyan tiyang jaman samenika. 
Sesambunganipun kaiyan para muda jaman sakmenika, lare-lare jaman sakmenika mboten sami remen lan nganggep bilih tembang macapat menika karya seni ingkang kampungan. Lare jaman samenika sami remen kaliyan band-band metal, K-pop, dangdut, tradisi-tradisi barat ingkang sami dipunremeni. Menawi dipuntingali lagu-lagu jaman samenika mboten mendidik justru malah damel risak para muda jaman samenika, lagi-lagunipun ugi sampun mboten nggadhahi estetika malih. Penulis boten badhe nglarang para lare-lare muda remen kaliyan lagu-lagu kados ing nginggil menika. Ananging amrih saenipun para muda jaman samenika ugi boten kesupen kaliyan budayanipun piyambak, lan mboten lingsem anggenipun nglestantunaken. 
Sasanesipun para muda jaman samenika nganggep seni lan budaya Jawa menika kampungan lan sami lingsem anggenipun nglestantunaken, lan babagan menika dadosaken tembang macapat mboten sami tepang inggih menika kirangipun anggenipun mangertosi isi saha maknanipun tembang macapat ingkang ngginakaken basa Jawa. Lare-lare jaman samenika kliyan tiyang sepuhipun katahah-kathahipun saking alit dipunajara lan dipunkulinakaken ngangge basa Indonesia, menika ingang dadosaken lare jaman samenika mboten remen kaliyan budayanipun piyambak amargi piyambakipun mboten saged. Para lare tepang kaliyan basa Jawa namung wonten ing sekolah. Bahayanipun wonten ing kurikulum enggal 2013 samenika basa Jawa utawi basa daerah badhe boten dipunwontenaken. Menika ugi dadosaken basal an budaya Jawa menika terasing. Tembang macapat piyambak ugi ngginakaken basa Jawa ingkang mboten gampil anggenipun dipunmangertosi lan wonten tembung-tembung ingkang taksih angginakaken tembung basa Jawa Kuna, anggenipun nembangaken ugi wonten pinten-pinten nada miturut gendingipun pelok menapa slendro. Mila menika nyebabaken langkung sisah anggenipun nglestantunaken, ananging menawi mboten dipunlestantunaken kados pundi budaya Jawa 20 tahun malih? Menapa bdhe dipunicalaken, menapa sampun owah? Kula lan panjenengan sedaya ingkang nemtokaken.   
Kosok balenipun kaliyan tiyang luar negri ingkang sami dating wonten ing Indonesia. Turis-turis menika kadang  mboten namung piknik wonten ing Indonesia ananging ugi nyinauni budaya-budaya wonten ing Indonesia. Kathah ingkang remen kaliyan budaya Indonesia khususipun Jawa. Wonten ing Ngayogyakarta ugi kathah turis asing ingkang nyinauni babagan budaya Jawa. Wonten ugi Turis asing ingkang saged basa Jawa lan saged langkung pinter menawi dipunbandingaken kaliyan tiyang jawa piyambak. Ingkang prelu dipungatosaken wonten ugi turis ingkang saged nembang macapat, ingkang sampun wasis lan lankung sae menawi dipunbandingaken kaliyan tiyang Jawi aslinipun. Kedahipun kita minangka tiyang Jawi asli lingsem manawi mangertosi babagan menika. Turis asing kemawon saged nembang macapat kanthi sae kenging menapa kita mboten? Kenging menapa kita kedah lingsem kaliyan budayanipun piyambak? Kita minangka generasi mudha jaman samenika kedahipun bangga kaliyan budaya kita piyambak. Kita menika, bangsa Indonesia menika sejatosipun sugih, sugih budaya, sumber dayanipun ugi langkung sugih, dados kita kedahipun bangga kaliyan budaya kita piyambak. Ampun purun dipunjajah malih kaliyan budaya-budaya barat ingkang sejatosipun kita mboten mangertos paedahipun kangge kita. Sumangga kita sesarengan nresnani budaya-budaya kita piyambak, bangga kaliyan budaya kita piyambak, dipunlestantunaken supados mboten ical. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar