Budaya
Asli Bali lan Pengaruh Tiyang Jawi
wonten Bali
Sakmenika
pertumbuhan penduduk wonten ing Pulau Bali langkung ageng pendhak taunipun, kejawi
saking pertumbuhan pendudukipun ugi saking pindahan tiyang Jawi ing Bali.
Sakmenika kathah tiyang Jawi ingkang sami nyambut damel utawi pindah wonten ing
Bali. Saged dipunwastani ugi bilih Pulau Bali menika dipundominasi kaliyan
tiyang Jawi. Tiyang Jawi wonten ing Bali menika mboten namung sepuluh utawi
satus taun kepengker kemawon ananging sampun saking abad ke 8 Masehi. Tiyang
Jawi dhateng wonten ing Bali mboten namung mbeto dirinipun piyambak ananging
ugi mbeto budaya saha kebiasaanipun.
Amargi tiyang Jawi menika mbeto tradisi saking
Jawi ing mboten cocok kaliyan tiyang Bali lajeng tiyang penduduk asli Bali
lajeng ngraos terdesak kaliyan wontenipun tiyang Jawi.
Desa Trunyan
Tiyang Bali ingkang ngraos terdesak menika pungkasanipun tiyang asli Bali menikapindah wonten ing daerah-daerah terpencil ingkang mboten saged dipunamah kaliyan tiyang Jawi. Salah setunggalipun inggih menika desa Trunyan, tiyang ingkang wonten ing Trunyan menika gadhah tradisi piyambak tradisi ingkang sampun kawit rumiyin dipun lestantunaken, tradisi Bali asli ingkang dumugi sakmenika tasih wonten. Wonten ing trunyan ugi wonten tradisi piyambak anggenipun ngrumat tiyang ingkang sampun seda, kagem suku trunyan ingkang sedanipun tasih bayi dipunsarekaken wonten ing sasanalaya ingkang dipunsebat Sema Muda, kagem tiyang ingkang sedanipun mboten wajar tuladhanipun kecelakaan dipunpejahi kaliyan tiyang sanes dipunsarekaken wonten ing sasanalaya ingkang dipunsebat Sema Bantas lajeng ingkang pungkasan menika ingkang unik tiyang ingkang sedanipun wajar utawi seda amargi sampun sepuh dipunsarekaken wonten ing Trunyan wonten ing ngandhap wit ingkang wangi ananging wit menika sampun mboten ketawis wanginipun amargi wonten mayit menika dados netral. Mayitipun mboten mambu lan witipun ugi mboten wangi.saksanesipun wonten ugi desa sanesipun ingkang tasih nglesatantunaken tradisinipun kawit rumiyen.
Kaitanipun
kaliyan wiwitanipun tiyang Jawi wonten ing Bali menika dipuncariyosaken bilih
rumiyen sakderengipun wonten selat Bali utawi Bali tasih dados setunggal
kaliyan Jawi. Wonten setunggal Rsi ingkang saking India ingkang pidalem wonten
ing Jawa Timur tepatipun wonten ing Gunung Rawung inggih menika Rsi Markandeya.
Rsi menika sampun kawentar ilmunipun. Rsi Markandeya menika lajeng angsal
wangsit bilih piyambakipun supados tumuju wonten ing Pulau Dawa (Bali).
Wiwitanipun Rsi Markandeya menika mbeto 8000 tiyang saking Jawi wonten ing
Bali. Ananging sedaya ingkang nderek Rsi Markandeya menika seda kejawi
piyambakipun (Rsi Markandeya). Lajeng Rsi Markandeya kundur malih wonten Jawi
lajeng mertapa madosi menapa sebabipun sedaya pengikutipun menika sami pejah
sedaya. Sasampunipun mertapa Rsi menika pikantuk jawabanipun inggih menika Rsi
menika mboten ijin rumiyin anggenipun mlebet kawasan Pulau Dawa menika. Kaping
kalihipun Rsi Markandeya menika tumuju Pulau Dawa mbeto 4000 tiyang saking Jawi
ananging sakderengipun mlebet wonten ing hutan ingkang mbatesi Jawi kaliyan
Bali menika Rsi Markandeya lan sedaya pengikutipun menika tapa yoga semedi
dipun lajengaken nrabas hutan saking ler mengidul.
Pura Besakih
Wonten ing wiwitanipun anggenipun nrabas Rsi Marandeya menika nandur kendi ingkang wosipun Pancadatu inggih menika logam emas, perak, perunggu, tembaga lan wesi, saksanesipun permata ingkang dipunwastani Mirahadi mawi sarana upacara lan dipunpercikaken Tirta Pengantas utawi tirta ingkang suci. Papan ingkang dipuntanduri Pancadatu menika lajeng dipunwastani Basuki ingkang tegesipun slamet. Lajeng papan kasebat dipundamel Pura ingkang namanipun Pura Basuki ingkang samenika asring dipunkenal Pura Besakih inggih menika Pura ingkang sepisanan wonten ing Bali. Menika satunggaling legenda ingkang kawentar wonten ing Bali babagan tiyang Jawi ingkang wonten ing Bali.
Dumugi
samenika ugi kathah budaya-budaya Bali ingkang sami kaliyan budaya Jawi. Ananging
wonten ing Bali budayanipun tasih dipunjagi sanget beda kaliyan budaya Jawi
ingkang sekedhik mboko sekedhik sampun pudar. Babagan menika mbok bilih amargi
wonten ing Jawi menika sampun campuran kaliyan Islam ingkang beda sanget
kaliyan budaya-budaya tiyang Hindu rumiyin. Mboten namung budaya kemawon
ananging basa-basanipun ugi kathah ingkang sami, amargi Basa Jawi lan Bali
menika saking setunggal induk bahasa inggih menika Basa Jawi Kuna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar