KANGGO ADIKU SING DAK TRESNANI
Wengi
wes tansaya sepi, manuk guek wes ngatonke suarane. Nanging rini isih durung iso
turu, deweke iseh lungguh ana ing kasur tanpa dipan kamar kose. Mau esuk rini
entuk telpon seko ibune, ngendikane ibune adeke Rini sing jenenge Galih larane
kumat meneh. Galih kawit cilik duwe loro ginjal nanging wes pirang-pirang tahun
lorone wes soyo mari. Nanging tanpa deduga larane adine mau kumat meneh. Loro
sing ambal kaping pindho iki ngendikane dokter luwih parah lan butuhake ragat sing
luwih akeh. Rini sing mahasiswa ana ing
UNY iki adoh saka wong tua. Kanggo kuliahe deweke wae wis butuhake ragat sing
ora satitik. Rini mung ngalamun mikirake nasibe adike. Kepriye carane ben uwong
tuane ora kabotan anggone ngragati pengobatane adike lan uga ngragati deweke
kuliyah ana ing Ngayogyakarta. Bapake rini mung pensiunan PNS sing duit
pensiunane uga ora akeh. Ibuke Rini iya mung ibu rumah tangga, biyen wis tau
adol sandangan ana ing pasar cedak ngomahe nanging lebar Galih lara ibune leren
anggone dodol sandangan. Wengi iki Rini amung bisa andedonga karo Gusti sing
Maha Kuwaos, mugi-mugi deweke diwenehi dalan kang bisa ngrampungake masalahe.
Ana ing sepertelune wengi wektu kang apik lan dijajekake Gusti Rini donga,
nyuwun dumateng Gusti. Ora krasa eluh netes ana ing pipine.
Dina
sesuke Rina mutusake bali ana ing desane, niliki adine kang wes mlebu rumah
sakit. Desa kang asri lan iseh ijo royo-royo, tanduran pari kang endah
didelokake, uwit-uwit klapa ana ing tengahing sawah, manuk emprit sing mabur
ana ing tengahing sawah golek pangan, lan bajing sing mluncat seko wit siji lan
sijine. Rini mlaku ana ing dalan kang durung di aspal tumuju omahe. Omahe Rini
ana ing sisih kidul kulon desane, yen arep tumuju ngomahe Rini nglewati omahe
tangga-tanggane amarga omahe ana ing pojokan. Rini aruh-aruh marang
simbah-simbah kang omahe ana ing cedaking omahe Rini kang lagi meme gabah,
“nderek langkung mbah”, simbahe mlengo terus mangsuli “monggo-monggo nok, gek
bali seko kuto nok?” karo mesem rini mangsuli “injih mbah...”. Rini banjur
mlaku maneh tumuju omahe. Ana ing ngarep omahe Rini ngucap salam banjur arep
bukak lawang nanging lawange dikunci. Batine rini “paling bapak karo ibuk lagi
nunggu Galih ana ing Rumah Saking”. Banjur rini jukuk kunci ana ing ngisor pot
kembang, biasane keluargane nek omahe dikunci kuncine ditinggal ana ing ngisor
pot. Rini mlebu banjur terus mlebu ana ing kamare. Lebar adus Rini langsung
tumuju ana ing rumah sakit cerak kabupaten. Rini numpak bis sambi nggowo
oleh-oleh kang digawa saka kuta kanggo adine. Tekan rumah sakit adine wis
diinfus lan wis dinggoni oksigen. Ana ing rumah sakit ana Ibu lan bapake. Galih
dirawat ana ing ruang melati sing sak kamar kanggo wong 2. Rini kuwatir karo kahanane adine sing koyo
ngono kui lan mikir nganggo opo keluargane bayar ragat rumah sakit iki. Rini
nyuwun persa karo ibune “kados pundi buk Galih sakmenika?” banjur ibune
mangsuli “yo kaya ngene ki nok, wingi Galih teka-teka lara dadane karo pucet
banget ngana kae, banjur karo bapakmu digawa ana kene”. Rini mantuk-mantuk
terus nerusake pitakone “lajeng ngendikanipun dokter kados pundi bu?” ibune
ngandarake “ ya kaya sing dikandakake bapakmu neng telpon wingi kae, banjur
dikon opnam ana ing kene”. Bapake Rini nembe sare ana ing kursi, banjur wungu “
Kowe wis tekan to nduk, tekan jam piro mau?”
Rini
mangsuli “ Injih pak, nembe kemawon”.
“
Kuliahmu pie nok lakyo lancar-lancar wae to? “
“
Injih pak alhamdulilah lancar menika ajeng badhe ujian akhir semester”
“
Owh...yo sinau sing sregep yo nok..”
“
Injih pak pangestunipun”
####### |
Wis sewulan adine Rini ana ing rumah
sakit, uwong tuane wis kentekan akal meneh kepiye carane ben Galih isa mari lan
pulih kaya sakdurunge. Ngendikane dokter Galih kudu dioperasi nanging tabungane
Bapake ora cukup kanggo bayar oprasi kui mau. Kamangka Rini uga wis arep mlebu
semester sak candake. Wong tuane Rini wis kentekan akal arep kepiye maneh
anggone nggolek duit lan utangan kanggo ngragati anak-anake. Banjur Rini
mutusake cuti saka kuliayahe kanggo kerja ngrewangi bapak ibune golek ragat
kanggo adine. Rini golek gawean ana ing kuta, deweke dadi penjaga toko ana ing
kuta. Bayare pancen ora gede, sek peenting bisa biyantu wong tuane. Pisanan
Rini ngomong karo bapak ibuke, bapak ibuke ora sarujuk karo apa sing dadi
keputusane. Nanging ya kepiye maneh bapak ibuke wis kentekan ragat. Kanggo
ngirit duit Rini anggone mangkat nyambut gawe nganggo pit ontel mangkat jam 6
esuk ben ora telat sebab mlebune jam setengah 8. Rini uga ora tau jajanan,
deweke mesthi sangu maem saka ngomah. Kadang Rini uga poso senin kemis donga
supaya adine diwenehi kasarasan. Nek Rini lagi prei anggone nyambut gawe deweke
yo ngrewangi bapake ana ing pasar adol sembako.
Seprene Galih lara lan durung
dioprasi, gandheng saiki wis ana ragate banjur Galih dioprasi. Rini sing ngurus
kabeh keperluane Galih. Rini pancen mbayu kan tresna karo karo adine. Kabeh
dilakoni kanggo adine. Sakwise dioprasi Galih banjur ngomong karo mbakyune
“mbak Rini maturnuwun banget ya wes gelem berkorban kanggo adimu iki”
“Iya
le...wis dadi kewajibanku, iki ya ora mung seka aku nanging bapak lan ibu uga”
“Iya
mbak aku ora bisa bales apa-apa”
“Uwis
sek penting awakmu sehat meneh”
#######
Seminggu lebar dioprasi Galih wis
oleh bali ana ing ngomahe. Nanging iseh kudu kontrol meneh ana ing rumah sakit
pendak minggune. Rini uga iseh kerja nggolek duit kanggo adine, sakjane Rini
isih pengen kuliah nanging ora ana ragat kanggo kuliahe Rini. Deweke ora gelem gawe rekasane bapak lan
ibune. Rini ana ing ngomahe uga seneng diparani bocah-bocah cilik sing njaluk
diajari anggone sinau. Rini uga ngajari tanpa njaluk imbalan saka
tangga-tanggane kui mau. Ana ing desane Rini dikenal bocahe pancen apik, sumeh
karo sapa wae. Salah sawijining tanggane sing jenenge Bu Sumilah omong-omongan
karo ibune Rini ana ing ngarep omahe Rini.
Bu
Sumilah nyuwun persa “ yu kepriye si Galih apa wis mari?”
“Alhamdulilah
lebar dioprasi kae wes mendingan yu” wangsulane ibune Rini
Owh
ya Alhamdulilah nek ngono muga-muga ya cepet mari koyo biasane meneh”
“Iya
yu Amin Amin, matur nuwun..”
“Lha
Rini nandi iki yu kayane aku mau kok kepetuk ning dalan”
“Lagi
nyambut gawe saiki ki yu ning kuta”
“Oalah
apa iya? Lha terus kuliahe piye yu”
“iya
yu kuliahe leren, ya kepiye maneh ragate ora ana”
“Owh
ngrewangi bapak ibune to saiki”
“Iya
yu ngrewangi golek ragat nganggo adine”
“Yo
muga-muga wae cepet mari ya yu si Galih, yo wis ya yu aku arep methuk anake
iki”
“owh
ya yu maturnuwun”
Banjur
Bu Sumilah mau lunga methuk anake, lan ibune Rini mlebu ana ing omahe. Ibune
Rini janjane ya pengen anake Rini kui ngrampungke kuliyahe bisa dadi sarjana
lan dadi guru. Batine ibune Rini “ Ya...muga-muga wae sesok Rini isa nerusake
kuliahe lan dadi sarjana”. Pangangen-angen ibune mau bakal kadadean.
Nanging dina iki Rini lagi ora beja.
Deweke diarani jikuk duwite kancane ana ing pagaweane. Rini pancen ana ing
nggon kadadean wektu iku, nanging deweke babarpisan ora demek apa maneh ngasi
jupuk duwite kancane. Ana ing papan pagewane Rini pancen paling digatekake lan
disenengi karo juragane merga Rini kui bocahe manud lan telaten. Mbok menawa
merga kui ana kancane sing ora seneng karo deweke. Merga kadadean kui rini
ditokake saka pagaweane tanpa pesangon saka juragane. Rini pancen lara ati
tenan diarani nyolong, nanging deweke tetep sabar lan ikhlas narima. Deweke
yakin ana hikmah saka kadadean iki.
Dina iki Rini bali ora kaya adate,
adate deweke bali sore saiki jam 14.00 deweke wis tekan ngomah. Tekan ngomah
banjur ditakoni karo ibuke. “Lho kok kadingaren yahmene wis bali nduk?” Rini
mangsuli karo netesake eloh, “Nyuwun ngapunten bu kula sampun dipundalaken
saking padamelan kula.”
“Ditokake
pie maksudmu? Apa salahmu kok ngasi ditoke kui?”
“Kula
dipunarani mendhet artanipun kanca kula wonten ing padamelan buk”
Ibune
kaget banjur nakoni putrane mbarep meneh “Diarani nyolong?
MasyaAllah...isa-isane, ning lakyo koe ora jukuk to nduk?”
“Sakestu
buk, kula mboten mendhet, demek kemawon kula mboten wantun”
“Oalah
nduk nduk... yo uwes sing sabar ya, muga-muga Gusti Allah maringi ganti sing
luwih apek ya nduk”
“Injih
buk, pangestunipun”
“Yo
wis kono gek ganti klambi banjur ngrewangi bapakmu wae”
Sakjane dina iki ibune Rini butuh
duwit kanggo bayar utang karo juragane beras. Lebar kadadean Galih mlebu
rumahsakit lan oprasi ibune Rini kerep utang marang tangga teparone, salah
sawjine ya Pak Mahmut juragane beras. Maune ibune arep nyileh karo Rini nanging
krungu ceritane Rini, ibune ora tega anggone nyilih duit kui mau.
########
Sawijing dina bulik saha paklike
Rini saka Jakarta mara ana ing omahe bapak lan ibune Rini. Merga bulike Rini
krungu yen Galih lebar dioprasi. Ana ing kana Bulike takon werna-werna saka
kepiye kahanane Galih saiki tekan kuliyahe Rini. Ana ing kamar tamu ana Ibuke Rini, Rini lan paklek bulike
kui mau, bapake iseh ana ing pasar, lan Galih ya durung bali anggone sekolah.
“Kepiye
mbakyu kahanane Galih saiki apa wis pulih temenan?”
“Yo
ngono kae lek, wis mendingan wis mlebu sekolah barang, nanging iseh kudu
kontrol.”
“Oh
ya apik nek ngono, sekolahe barang lakyo lancar to mbak?”
“Ya
Alhamdulilah, bien ya ketinggalan nanging ya iso ngikuti pelajaran meneh.”
Banjur
paklike takon marang Rini “ Koe piye nduk, lakyo sehat to?”
Rini
mangsuli “Alhamdulilah Pak Lik pangestunipun”
“Kepiye
kuliahmu saiki nduk lakyo lancar-lancar wae to?
“Em...menika
nembe leren Pak Lik,”
“Lho
ngopo kok ana acara leren barang ki?”
“Badhe
pados padamelan kemawon Pak Lik, biyantu bapak kaliyan Ibu”
“Lho
nek arep golek gawean ki lakyo apike nek wis lulus dadi sarjana to nduk?”
“Injih
Pak Lik namung mboten wonten biayanipun”
Banjur
bulike sing ngendika “ Nek pancen kui maslahe aku lan Pak Likmu sanggup
ngragati koe nduk, lakyo rapopo to mbakyu?
“Ya
nek ora ngrepoti awakmu dek, umpama ngesuk aku wis due duit ya tak gantenane”
Ibuke Rini sing mangsuli.
“Uwis
mbayu, Rini iki wis tak anggep kaya anakku dewe, luwih becik anakmu ki neruske
kuliah.”
Banjur
Rini ngomong “ Sakestu menika Bulik?”
“Ya
tenan nduk, sesok kok urusana kuliahmu, ben aku alan Pak Likmu sing ngragati”
“Iya
nduk rasah sungkan aku iki ya sedulurmu Paklikmu.” PakLike Rini uga melu
mangsuli
Sambi
ngambung tangane bulike Rini ngomong “Maturnuwun Bulik, maturnuwun sanget.”
“Iya
iya nduk sing sregep ya anggomu sinau.”
Semester candake Rini wis bisa
sinau meneh ana ing UNY. Kanthi temenan, lan ora mikir ragat meneh. Lan adine Rini,
Galih uga wis mari lan ora prelu kontrol meneh ana ing rumah sakit. Bapak lan
ibune Rini wis tenang anak-anake wis bisa sekolah. Rini uga nggolek beasiswa,
saka duwit beasiswane mau Rini bisa biyantu nglunasi utang-utange wong tuane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar