Minggu, 22 Desember 2013

Feature Tempat



Taman Sari (Kaendahan lan Sejarah)

Taman Sari inggih menika salah satunggaling warisan budaya Kraton Ngayogyakarta ingkang taksih kokoh bangunanipun. Taman sari dipunbangun wekdal pemerintahan Sri Sultan Hamengkubuwana kaping I wonten ing tahun 1758. Dumugi samenika, Taman Sari sampun ngalami mapinten-pinten renovasi saengga ketingal langkung endah tanpa ngicali nilai estetika lan historisipun.
       Objek Taman Sari inggih menika blumbang ingkang pinggiripun benteng ingkang inggilipun 6 meter. Blumbang utawi kolam menika dipunpro tiga inggih menika Umbul Kawitan (kangge putra-putri Raja), Umbul Pamuncar (kangge para selir), lan Umbul Panguras (kangge  Raja). Wonten ing tengah antawisipun kolam ingkang sisih kidul kaliyan sisih ler wonten menara ingkang wonten tigang tikat ingkang undak-undakipun saking kayu jati ingkang taksih ketingal sae. Menawi minggah wonten ing tingkatan ingkang paling nginggil saged ningali kolam.
       Sasanesipun kolam ingkang kangge siram putra, selir lan raja wonten ugi Gapura Agung, papan kangge kreta kencana Sultan saha keluarga Kraton. Saklajengipun inggih menika pasanggrahan ingkang sakidulipun Taman Sari. Saderengipun perang Sultan semedi rumiyen wonten ing papan menika. Papan menika ugi kangge papan panyimpenan umbarampe kangge perang, lan papan kangge nyuceni keris ing jaman rumiyen. Plataranipun rumiyen ugi kangge para prajurit latihan perang.
Wonten ing beda komplek wonten sumur Gumuling rumiyen miturut cariyosipun wonten ing Sumur Gumuling menika dipundadosaken mesjid. Dalan tumuju Sumur Gumuling menika nglewati papan ingkang kados gua ananging boten tebih, lajeng wonten ing tengah Sumur Gumuling menika wonten sumur ingkang rumiyen dipundadosaken papan kangge wudhu lan wonten undak-undak ingkang cacahipun 5 ingkang tegesipun Rukun Islam ingkang jumlahipun wonten 5.
Sisihipun Sumur Gumuling wonten komplek ugi ingkang namanipun Gedung Kenanga. Gedung Kenanga menika papan ingkang paling inggil wonten ing Taman Sari. Rumiyin Gedung Kenanga menika inggih menika papan kangge dhahar Raja. Wonten ing papan menika rumiyin kathah kembang kenanganipun mila dipunwastani Gedung Kenangan.
       Wonten ing Taman Sari menika kathah ingkang ngawontenaken foto-foto, wonten ingkang foto kangge model, wonten ugi ingkang foto preweding. Kangge para kanca ingkang hobi foto, Taman Sari menika papan ingkang cocok kangge foto-foto.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar