Minggu, 22 Desember 2013

Opini Singkat



"Ibuk Cantik"

Ana ing sawijining dina, aku blanja ana ing sawijining warung kang papane rada adoh saka omahku. Wektu aku arep bayar, ana ing kana ana uwong nganggo sarung klambi koko, karo peci. Ngomong karo sing due warung sinambi ngacungi salah sawijining panganan “Yang ini berapa?”. Lagakke ora kaya wong biasane, rada nyleneh. Bubar tuku salahsawijining panganan uwong mau ndelengke aku, le ndelengke ora kaya biasane sambi guyu trus sirahe diiringke. Sinambi ndelengake uwong mau ngomong “ibuk cantik….jalan-jalan sama aku yok”. Batinku “waduuuuh jebul wong edan arep ngajak aku jalan-jalan”. Ana ing warung kui aku wis wedi banget, aku mik dingkluk meneng wae. Untung wae ana mbak-mbak sik nyambut gawa ana warung kui ngekon lunga wong edane mau. Wong edane banjur metu seko warung sinambi ndelengake lan ngomong maneh “dada ibuk cantik”. Aku ngampet guyu, antarane wedi karo lucu.

Ora ming pisan iki aku diaruh-aruhi karo wong edan. Wektu iku aku lagi ana ing bangjo pangukan Sleman tumuju kampus. Wektu mandek ana ing pinggir dalan ana wong edan ndelokke karo guyu-guyu. Ora mung ana bangjo Pangukan ana ing bangjo Monjali uga ana ananging beda uwong. Sing ana ing bangjo Monjali iku ora mung guyu nanging guyu karo dada. Aku dhewe ya ora ngerti ngapa kok wong-wong edane do seneng aruh-aruh karo aku, apa aku dikira kancane. Pesenku kanga para pamaos “aja seneng ndelokake wong edan, amarga wong edan kui seneng nek didelokake”.   

Wacana Prosedural



Cara Damel Nuget Tempe



Bahan Resep Nuget:
1.      Tempe
2.      Tigan
3.      Tepung roti/ tepung panir
Bumbu:
1.      Bawang
2.      Mrica bubuk
3.      Sarem
Caranipun damel Nuget Tempe:
1.      Tempe dipunkukus lajeng dipunlembutaken
2.      Bawang lan sarem dipunulek lajeng dipuncampur kaliyan tempe ingkang sampun lembut kala wau lajeng dipuntambahi mrica bubuk
3.      Tigan dipunkocok lajeng dipuncampur kaliyan adonan kalawau
4.      Menawi bahan sampun dipuncampur sedaya dipunlebetaken wonten plastik lajeng dipunkukus.
5.      Menawi sampun mateng, dipuntokaken saking plastik lajeng dipuniris 1-2 cm
6.      Dipungulung wonten ing kocokan tigan lan wonten tepung panir kuning.
7.      Dipungoreng ngantos werninipun keemasan .
8.      Dipunhidangaken.

Feature Tempat



Taman Sari (Kaendahan lan Sejarah)

Taman Sari inggih menika salah satunggaling warisan budaya Kraton Ngayogyakarta ingkang taksih kokoh bangunanipun. Taman sari dipunbangun wekdal pemerintahan Sri Sultan Hamengkubuwana kaping I wonten ing tahun 1758. Dumugi samenika, Taman Sari sampun ngalami mapinten-pinten renovasi saengga ketingal langkung endah tanpa ngicali nilai estetika lan historisipun.
       Objek Taman Sari inggih menika blumbang ingkang pinggiripun benteng ingkang inggilipun 6 meter. Blumbang utawi kolam menika dipunpro tiga inggih menika Umbul Kawitan (kangge putra-putri Raja), Umbul Pamuncar (kangge para selir), lan Umbul Panguras (kangge  Raja). Wonten ing tengah antawisipun kolam ingkang sisih kidul kaliyan sisih ler wonten menara ingkang wonten tigang tikat ingkang undak-undakipun saking kayu jati ingkang taksih ketingal sae. Menawi minggah wonten ing tingkatan ingkang paling nginggil saged ningali kolam.
       Sasanesipun kolam ingkang kangge siram putra, selir lan raja wonten ugi Gapura Agung, papan kangge kreta kencana Sultan saha keluarga Kraton. Saklajengipun inggih menika pasanggrahan ingkang sakidulipun Taman Sari. Saderengipun perang Sultan semedi rumiyen wonten ing papan menika. Papan menika ugi kangge papan panyimpenan umbarampe kangge perang, lan papan kangge nyuceni keris ing jaman rumiyen. Plataranipun rumiyen ugi kangge para prajurit latihan perang.
Wonten ing beda komplek wonten sumur Gumuling rumiyen miturut cariyosipun wonten ing Sumur Gumuling menika dipundadosaken mesjid. Dalan tumuju Sumur Gumuling menika nglewati papan ingkang kados gua ananging boten tebih, lajeng wonten ing tengah Sumur Gumuling menika wonten sumur ingkang rumiyen dipundadosaken papan kangge wudhu lan wonten undak-undak ingkang cacahipun 5 ingkang tegesipun Rukun Islam ingkang jumlahipun wonten 5.
Sisihipun Sumur Gumuling wonten komplek ugi ingkang namanipun Gedung Kenanga. Gedung Kenanga menika papan ingkang paling inggil wonten ing Taman Sari. Rumiyin Gedung Kenanga menika inggih menika papan kangge dhahar Raja. Wonten ing papan menika rumiyin kathah kembang kenanganipun mila dipunwastani Gedung Kenangan.
       Wonten ing Taman Sari menika kathah ingkang ngawontenaken foto-foto, wonten ingkang foto kangge model, wonten ugi ingkang foto preweding. Kangge para kanca ingkang hobi foto, Taman Sari menika papan ingkang cocok kangge foto-foto.

Cerkak



KANGGO ADIKU SING DAK TRESNANI

Wengi wes tansaya sepi, manuk guek wes ngatonke suarane. Nanging rini isih durung iso turu, deweke iseh lungguh ana ing kasur tanpa dipan kamar kose. Mau esuk rini entuk telpon seko ibune, ngendikane ibune adeke Rini sing jenenge Galih larane kumat meneh. Galih kawit cilik duwe loro ginjal nanging wes pirang-pirang tahun lorone wes soyo mari. Nanging tanpa deduga larane adine mau kumat meneh. Loro sing ambal kaping pindho iki ngendikane dokter luwih parah lan butuhake ragat sing luwih akeh. Rini sing mahasiswa  ana ing UNY iki adoh saka wong tua. Kanggo kuliahe deweke wae wis butuhake ragat sing ora satitik. Rini mung ngalamun mikirake nasibe adike. Kepriye carane ben uwong tuane ora kabotan anggone ngragati pengobatane adike lan uga ngragati deweke kuliyah ana ing Ngayogyakarta. Bapake rini mung pensiunan PNS sing duit pensiunane uga ora akeh. Ibuke Rini iya mung ibu rumah tangga, biyen wis tau adol sandangan ana ing pasar cedak ngomahe nanging lebar Galih lara ibune leren anggone dodol sandangan. Wengi iki Rini amung bisa andedonga karo Gusti sing Maha Kuwaos, mugi-mugi deweke diwenehi dalan kang bisa ngrampungake masalahe. Ana ing sepertelune wengi wektu kang apik lan dijajekake Gusti Rini donga, nyuwun dumateng Gusti. Ora krasa eluh netes ana ing pipine.
Dina sesuke Rina mutusake bali ana ing desane, niliki adine kang wes mlebu rumah sakit. Desa kang asri lan iseh ijo royo-royo, tanduran pari kang endah didelokake, uwit-uwit klapa ana ing tengahing sawah, manuk emprit sing mabur ana ing tengahing sawah golek pangan, lan bajing sing mluncat seko wit siji lan sijine. Rini mlaku ana ing dalan kang durung di aspal tumuju omahe. Omahe Rini ana ing sisih kidul kulon desane, yen arep tumuju ngomahe Rini nglewati omahe tangga-tanggane amarga omahe ana ing pojokan. Rini aruh-aruh marang simbah-simbah kang omahe ana ing cedaking omahe Rini kang lagi meme gabah, “nderek langkung mbah”, simbahe mlengo terus mangsuli “monggo-monggo nok, gek bali seko kuto nok?” karo mesem rini mangsuli “injih mbah...”. Rini banjur mlaku maneh tumuju omahe. Ana ing ngarep omahe Rini ngucap salam banjur arep bukak lawang nanging lawange dikunci. Batine rini “paling bapak karo ibuk lagi nunggu Galih ana ing Rumah Saking”. Banjur rini jukuk kunci ana ing ngisor pot kembang, biasane keluargane nek omahe dikunci kuncine ditinggal ana ing ngisor pot. Rini mlebu banjur terus mlebu ana ing kamare. Lebar adus Rini langsung tumuju ana ing rumah sakit cerak kabupaten. Rini numpak bis sambi nggowo oleh-oleh kang digawa saka kuta kanggo adine. Tekan rumah sakit adine wis diinfus lan wis dinggoni oksigen. Ana ing rumah sakit ana Ibu lan bapake. Galih dirawat ana ing ruang melati sing sak kamar kanggo wong 2.  Rini kuwatir karo kahanane adine sing koyo ngono kui lan mikir nganggo opo keluargane bayar ragat rumah sakit iki. Rini nyuwun persa karo ibune “kados pundi buk Galih sakmenika?” banjur ibune mangsuli “yo kaya ngene ki nok, wingi Galih teka-teka lara dadane karo pucet banget ngana kae, banjur karo bapakmu digawa ana kene”. Rini mantuk-mantuk terus nerusake pitakone “lajeng ngendikanipun dokter kados pundi bu?” ibune ngandarake “ ya kaya sing dikandakake bapakmu neng telpon wingi kae, banjur dikon opnam ana ing kene”. Bapake Rini nembe sare ana ing kursi, banjur wungu “ Kowe wis tekan to nduk, tekan jam piro mau?”
Rini mangsuli “ Injih pak, nembe kemawon”.
“ Kuliahmu pie nok lakyo lancar-lancar wae to? “
“ Injih pak alhamdulilah lancar menika ajeng badhe ujian akhir semester”
“ Owh...yo sinau sing sregep yo nok..”
“ Injih pak pangestunipun”











#######
 


            Wis sewulan adine Rini ana ing rumah sakit, uwong tuane wis kentekan akal meneh kepiye carane ben Galih isa mari lan pulih kaya sakdurunge. Ngendikane dokter Galih kudu dioperasi nanging tabungane Bapake ora cukup kanggo bayar oprasi kui mau. Kamangka Rini uga wis arep mlebu semester sak candake. Wong tuane Rini wis kentekan akal arep kepiye maneh anggone nggolek duit lan utangan kanggo ngragati anak-anake. Banjur Rini mutusake cuti saka kuliayahe kanggo kerja ngrewangi bapak ibune golek ragat kanggo adine. Rini golek gawean ana ing kuta, deweke dadi penjaga toko ana ing kuta. Bayare pancen ora gede, sek peenting bisa biyantu wong tuane. Pisanan Rini ngomong karo bapak ibuke, bapak ibuke ora sarujuk karo apa sing dadi keputusane. Nanging ya kepiye maneh bapak ibuke wis kentekan ragat. Kanggo ngirit duit Rini anggone mangkat nyambut gawe nganggo pit ontel mangkat jam 6 esuk ben ora telat sebab mlebune jam setengah 8. Rini uga ora tau jajanan, deweke mesthi sangu maem saka ngomah. Kadang Rini uga poso senin kemis donga supaya adine diwenehi kasarasan. Nek Rini lagi prei anggone nyambut gawe deweke yo ngrewangi bapake ana ing pasar adol sembako.
            Seprene Galih lara lan durung dioprasi, gandheng saiki wis ana ragate banjur Galih dioprasi. Rini sing ngurus kabeh keperluane Galih. Rini pancen mbayu kan tresna karo karo adine. Kabeh dilakoni kanggo adine. Sakwise dioprasi Galih banjur ngomong karo mbakyune “mbak Rini maturnuwun banget ya wes gelem berkorban kanggo adimu iki”
“Iya le...wis dadi kewajibanku, iki ya ora mung seka aku nanging bapak lan ibu uga”
“Iya mbak aku ora bisa bales apa-apa”
“Uwis sek penting awakmu sehat meneh”
                                                                          #######        

            Seminggu lebar dioprasi Galih wis oleh bali ana ing ngomahe. Nanging iseh kudu kontrol meneh ana ing rumah sakit pendak minggune. Rini uga iseh kerja nggolek duit kanggo adine, sakjane Rini isih pengen kuliah nanging ora ana ragat kanggo kuliahe Rini.  Deweke ora gelem gawe rekasane bapak lan ibune. Rini ana ing ngomahe uga seneng diparani bocah-bocah cilik sing njaluk diajari anggone sinau. Rini uga ngajari tanpa njaluk imbalan saka tangga-tanggane kui mau. Ana ing desane Rini dikenal bocahe pancen apik, sumeh karo sapa wae. Salah sawijining tanggane sing jenenge Bu Sumilah omong-omongan karo ibune Rini ana ing ngarep omahe Rini.
Bu Sumilah nyuwun persa “ yu kepriye si Galih apa wis mari?” 
“Alhamdulilah lebar dioprasi kae wes mendingan yu” wangsulane ibune Rini
Owh ya Alhamdulilah nek ngono muga-muga ya cepet mari koyo biasane meneh”
“Iya yu Amin Amin, matur nuwun..”
“Lha Rini nandi iki yu kayane aku mau kok kepetuk ning dalan”
“Lagi nyambut gawe saiki ki yu ning kuta”
“Oalah apa iya? Lha terus kuliahe piye yu”
“iya yu kuliahe leren, ya kepiye maneh ragate ora ana”
“Owh ngrewangi bapak ibune to saiki”
“Iya yu ngrewangi golek ragat nganggo adine”
“Yo muga-muga wae cepet mari ya yu si Galih, yo wis ya yu aku arep methuk anake iki”
“owh ya yu maturnuwun”
Banjur Bu Sumilah mau lunga methuk anake, lan ibune Rini mlebu ana ing omahe. Ibune Rini janjane ya pengen anake Rini kui ngrampungke kuliyahe bisa dadi sarjana lan dadi guru. Batine ibune Rini “ Ya...muga-muga wae sesok Rini isa nerusake kuliahe lan dadi sarjana”. Pangangen-angen ibune mau bakal kadadean.
            Nanging dina iki Rini lagi ora beja. Deweke diarani jikuk duwite kancane ana ing pagaweane. Rini pancen ana ing nggon kadadean wektu iku, nanging deweke babarpisan ora demek apa maneh ngasi jupuk duwite kancane. Ana ing papan pagewane Rini pancen paling digatekake lan disenengi karo juragane merga Rini kui bocahe manud lan telaten. Mbok menawa merga kui ana kancane sing ora seneng karo deweke. Merga kadadean kui rini ditokake saka pagaweane tanpa pesangon saka juragane. Rini pancen lara ati tenan diarani nyolong, nanging deweke tetep sabar lan ikhlas narima. Deweke yakin ana hikmah saka kadadean iki.
            Dina iki Rini bali ora kaya adate, adate deweke bali sore saiki jam 14.00 deweke wis tekan ngomah. Tekan ngomah banjur ditakoni karo ibuke. “Lho kok kadingaren yahmene wis bali nduk?” Rini mangsuli karo netesake eloh, “Nyuwun ngapunten bu kula sampun dipundalaken saking padamelan kula.”
“Ditokake pie maksudmu? Apa salahmu kok ngasi ditoke kui?”
“Kula dipunarani mendhet artanipun kanca kula wonten ing padamelan buk”
Ibune kaget banjur nakoni putrane mbarep meneh “Diarani nyolong? MasyaAllah...isa-isane, ning lakyo koe ora jukuk to nduk?”
“Sakestu buk, kula mboten mendhet, demek kemawon kula mboten wantun”
“Oalah nduk nduk... yo uwes sing sabar ya, muga-muga Gusti Allah maringi ganti sing luwih apek ya nduk”
“Injih buk, pangestunipun”
“Yo wis kono gek ganti klambi banjur ngrewangi bapakmu wae”
            Sakjane dina iki ibune Rini butuh duwit kanggo bayar utang karo juragane beras. Lebar kadadean Galih mlebu rumahsakit lan oprasi ibune Rini kerep utang marang tangga teparone, salah sawjine ya Pak Mahmut juragane beras. Maune ibune arep nyileh karo Rini nanging krungu ceritane Rini, ibune ora tega anggone nyilih duit kui mau.
                                                                                               
 ########
              Sawijing dina bulik saha paklike Rini saka Jakarta mara ana ing omahe bapak lan ibune Rini. Merga bulike Rini krungu yen Galih lebar dioprasi. Ana ing kana Bulike takon werna-werna saka kepiye kahanane Galih saiki tekan kuliyahe Rini. Ana ing kamar  tamu ana Ibuke Rini, Rini lan paklek bulike kui mau, bapake iseh ana ing pasar, lan Galih ya durung bali anggone sekolah.
“Kepiye mbakyu kahanane Galih saiki apa wis pulih temenan?”
“Yo ngono kae lek, wis mendingan wis mlebu sekolah barang, nanging iseh kudu kontrol.”
“Oh ya apik nek ngono, sekolahe barang lakyo lancar to mbak?”
“Ya Alhamdulilah, bien ya ketinggalan nanging ya iso ngikuti pelajaran meneh.”
Banjur paklike takon marang Rini “ Koe piye nduk, lakyo sehat to?”
Rini mangsuli “Alhamdulilah Pak Lik pangestunipun”
“Kepiye kuliahmu saiki nduk lakyo lancar-lancar wae to?
“Em...menika nembe leren Pak Lik,”
“Lho ngopo kok ana acara leren barang ki?”
“Badhe pados padamelan kemawon Pak Lik, biyantu bapak kaliyan Ibu”
“Lho nek arep golek gawean ki lakyo apike nek wis lulus dadi sarjana to nduk?”
“Injih Pak Lik namung mboten wonten biayanipun”
Banjur bulike sing ngendika “ Nek pancen kui maslahe aku lan Pak Likmu sanggup ngragati koe nduk, lakyo rapopo to mbakyu?
“Ya nek ora ngrepoti awakmu dek, umpama ngesuk aku wis due duit ya tak gantenane” Ibuke Rini sing mangsuli.
“Uwis mbayu, Rini iki wis tak anggep kaya anakku dewe, luwih becik anakmu ki neruske kuliah.”
Banjur Rini ngomong “ Sakestu menika Bulik?”
“Ya tenan nduk, sesok kok urusana kuliahmu, ben aku alan Pak Likmu sing ngragati”
“Iya nduk rasah sungkan aku iki ya sedulurmu Paklikmu.” PakLike Rini uga melu mangsuli
Sambi ngambung tangane bulike Rini ngomong “Maturnuwun Bulik, maturnuwun sanget.”
“Iya iya nduk sing sregep ya anggomu sinau.”
              Semester candake Rini wis bisa sinau meneh ana ing UNY. Kanthi temenan, lan ora mikir ragat meneh. Lan adine Rini, Galih uga wis mari lan ora prelu kontrol meneh ana ing rumah sakit. Bapak lan ibune Rini wis tenang anak-anake wis bisa sekolah. Rini uga nggolek beasiswa, saka duwit beasiswane mau Rini bisa biyantu nglunasi utang-utange wong tuane.